QOSIDAH BULAN RAJAB & BIRRUL WALIDAIN

اللَّهُمَّ بَارِكْ لَنَا فِيْ رَجَبَ وَشَعْبَانَ وَبَلِّغْنَا رَمَضَانَ

Duh pangeran kulo nyuwun pangapuro
Kangge tiyang sepah soho guru kulo
Ugi kangge kulo lan muslim sedoyo
ing mekah madinah lan sak alam dunyo

Duh pangeran kulo nyuwun kesaenan
Kangge poro putro lan putri harapan
Mugi saget nerusaken perjuangan
Njagi islam lan akidah keimanan

Duh pengeran kulo nyuwun kawelasan
kangge poro guru kang paring tuntunan
Tuntunan agami soho sesrawungan
Ingkang manfaati ing gesang bebrayan

Kuburipun guru soho tiyang sepah
Mugi dados taman surgo ingkang endah
Mugi tangi kubur mboten nampi susah
Dados tiyang ingkang pikantuk bebungah

Timbangan amale abot kesaenan
Ing jembatan shirot mlampah kanthi aman
Saking tlogo nabi pikantuk siraman
Ingkang nglebur sedayane keluputan

Mugi gusti ALLAH ngumpulake kito
Ugi tiyang sepah lan guru sedoyo
Sareng nabi lan wong kang sholeh ing surgo
Mugi ALLAH mboten nolak donga kito

Mugi kito sedoyo khusnul khotimah
Ing akhire mongso nalikane pejah
Sholawat lan salam selawase mongso
Mugi katur ing nabi kang nulung kito



Posting Komentar